10 Oktober 2008

Wonokairun

Meski humornya rada kasar, namun kisah Wonokairun bisa jadi terapi, terapi tertawa. Membaca Wonokairun marakke kepingkel-pingkel.


Berikut beberapa kekoplakan Wonokairun:

Ngumbah Kucing

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe?" takok Bunali.
"Aku katene ngumbah kucing" jare Wonokairun.
"Gak salah tah Mbah." Bunali bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumane." Jare Wonokairun.
"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Bunali ngilingno.
"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo" jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
"Yok opo kucing sampeyan Mbah?" takok Bunali.
"Kucingku mati " jare Wonokairun.
"Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek Rinso, wong onok obat tumo" jare Bunali nyeneni.
"Kucingku mati gak mergo Rinso" jare Wonokairun njelasno.
"Opoko lho ??" Bunali gak sabar.
"Tak peres . . . ."


Y u y u

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
"Mbah. Jare arek-arek, sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah?", takok Bunali.
"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh", jare Wonokairun.
"Lho kok isok?" jare Bunali.
"Sing pertama mati nguntal yuyu", jare Wonokairun
"Lha sing kedua?" takok Bunali
"Sing kedua mati nguntal yuyu", jare Wonokairun.
"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan?" jare Bunali kemeruh.
"Gak. Matine mergo tak gibheng", jare Wonokairun.
"Lho opoko ?" takok Bunali.
"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."


Wedhus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh. "Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."( Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudumbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae )
"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."
"Lha sing ireng ?"
"Podho . . ."

Kgkgkg...:)

0 komentar:

Posting Komentar | Feed



Sapedah | powered by Blogger | created from Minima retouched by ics - id